Teges utami saking “INVESTASI” punika kadosdene “NABUNG,” sanes namung kagem pados “BATHI/KEMBANG.” a. Investasi “JANGKA DOWO” punika kadosdene dados “PANDHEGA” (pemilik) saking barang/saham. b. Investasi “JANGKA CENDHAK” punika kadosdene dados “DAGANGAN” (pedagang) barang/saham.
Kagem investasi “JANGKA DOWO,” sumangga milih saham ingkang kalebet “BIG CAP/BLUE CHIP” saking perusahaan utawi pepanthan (perkumpulan) perusahaan ingkang ageng lan kiyat. a. Saham badhe aman dados investasi “JANGKA DOWO.” b. Saham saged dipun-ginakaken minangka bahan dedagangan/dipundol lan dipunpundhut. c. Amargi dados investasi “JANGKA DOWO,” pramila sumangga milih saham saking perusahaan utawi pepanthan perusahaan ingkang saged gadhah daya positif dhumateng lingkungan/negari papan panjenengan wonten/dedalem, sanadyan namung sakedhik/alit.
Kagem investasi “JANGKA CENDHAK,” sumangga milih saham ingkang nggadhahi “VOLATILITAS” sae inggil utawi sedheng. a. Amargi “BATHI LAN RESIKO” mlampah sesarengan kaliyan tingkat “VOLATILITAS.” b. Sanadyan “VOLATILITAS” ingkang inggil kathahipun namung wonten ing saham-saham perusahaan sedheng/ngrembaka utawi alit/gorengan, ananging boten nutup kemungkinan ugi wonten ing perusahaan “BIG CAP/BLUE CHIP.” c. Ageng sanget resikonipun amargi perusahaan sedheng/ngrembaka utawi alit/gorengan nggadhahi potensi inggil kagem bangkrut (gulung tikar).